Wóntên ing budåyå utawi falsafah Jawi kathah bab ingkang wigatós tumrap kulåwargå lan bêbrayan. Túk lan wós-ipún wóntên ing raós lan watak élíng.

Upaminipún élíng dhatêng Gusti Ingkang Måhå Kawåså, råmå, ibu, éyang, pårå alim lan ngulåmå, kadang sêntånå, mitrå, guru, pårå pangêmbatíng pråjå, lan pêmimpín sanèsipún. Têbanipún raós élíng sagêt malêmbar dhatêng tlatah padhusunan, papan kalairan, pundhèn, patilasan, pasabinan, patêgilan, miwah lingkungan alam sanèsipún.

Sadåyå ingkang hanggadhahi tabêt, sambêt, miwah labêt, lajêng mbabar lan nuwúhakên raós élíng ingkang mbótên sagêt ical.

Kalêbêt ing ngriki raós élíng dhatêng pårå lêluhúr lan pårå pêpundhèn ingkang sampún kondúr ing têpêt suci miwah élíng dhatêng sangkan paraníng dumadi.Mustikanipún budåyå Jawi ingkang arupi raós élíng têbanipún jêmbar sangêt.

Raós élíng cakêt lan rakêt kaliyan mênåpå kémawón ingkang sagêt nggugah raós lan krêntêg kêpéngín sowan, mêrtuwi, ngúrmati, ngabêkti, miwah misungsúngakên mênåpå kémawón ingkang sagêt damêl rênaníng panggalíh.

Têtunggulíng budåyå Jawi ingkang arupi raós élíng mujúdakên satunggalíng kêarifan lokal (local genius) ingkang taksíh lêstari.

Dåyå kêkiyatanipún ngédab-édabi ingkang lajêng nuwúhakên tèkad nguri-uri tuwín nglêstarèkakên.

Tåtåcaranipún lajêng dipúntrêpakên kaliyan papan, kawóntênan utawi wêkdal ingkang saé, mliginipún ingkang sambêt kaliyan dintên-dintên agêng wóntên ing ajaran agami. Tradisi sungkêm kalêbêt pérangan budaya Jawi ingkang dumugi wêkdal samangké taksíh dipúnuri-uri tuwín dipúnlêstarèkakên déning bêbrayan Jawi.

Pramilå inggíh lajêng mbótên anèh manawi lajêng wóntên kaanan ingkang sinêbat mudhik.

Kaanan mudhík ingkang sabên taún såyå kathah lajêng nuwúhakên prêkawís ingkang warni-warni.

Wóntên kawóntênan jêjêl riyêl ing sêtasiún, têrminal bís, bandara utawi pêlabuhan, lalu lintas ingkang macêt, bêbåyå utawi kacilakan ing margi, lan sanès-sanèsipún; ingkang sadayanipún lajêng pikantúk kawigatósan déníng pamaréntah.

Kahanan makatên lumam-pah dangu sangêt lan dumadós ing sabên taún. Pramilå lajêng wóntên pamanggíh manawi mudhik sampún dadós budåyå tumrap bêbrayan Jawi ingkang angèl dipúnicali. Tradisi sungkêman sampún lumampah dangu sangêt, cakêt lan rakêt kaliyan dintên agúng agami Islam inggíh mênikå Idúl Fitri.

Sungkêman dipún wóntêni ing swasånå Idúl Fitri sasampunipún umat Islam nglampahi siyam miwah mèpèr håwå nafsu ing wulan Ramadhan.

Pårå putra utawi wayah nindakakên sungkêm, kónjêm, lan ngabêkti dhatêng Sri Susuhunan, Pangagêng Puró, éyang, råmå-ibu sadhèrèk sêpúh lan sanès-sanèsipún. Lumantar adicårå sungkêman, råmå-ibu tuwin pårå-pårå ingkang kalêbêt sêpúh rumaós dipún bêktèni lan dipúnurmati déníng putrå wayah utawi kanèman sanèsipún. Wós utawi substansi ing tradisi sungkêman nyakúp lan ngukúp bab wigatós inggíh mênikå dêdósan utawi kalêpatan ingkang kasuwún supadós dipúnapurå.

Swasana ’apurå ingapuran’ dipún wujúdakên wóntên ing dintên riyadi linambaran panyuwunan dhatêng Allah Subhanahuwata’ala supadós nglêbúr dêdósan lan kalêpatan ingkang sampún dipún tindakakên. Tradisi sungkêm ingkang ngrêgêm nilai (values) ingkang saé, éndah, lan murakabi tumrap bêbrayan sampún nyawiji ing dintên agúng Idúl Fitri tuwin manjíng ing swasånå halal bi halal utawi silaturahmi tumrap masyarakat Jawi.

Tradisi sung-kêman ingkang sampún dadós jatidiri masyarakat Jawi mbótên badhé ical kabucal jaman global. Mugi-mugi makatên.

Déníng : Ki Sutadi

Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah