Nyadran lan Lêluhúr

Råmå Sudi Yatmånå njlèntrèhaké bab lêluhúr kanthi gamblang.

Lêluhúr pådhå karo luhúr-luhúr, yaiku kang ånå ing dhuwúr-dhuwúr.

Ånå síng nyêbút, pårå éyang síng wís sédå utåwå surúd ing kasédan jati.

Wóng Jåwå ugå ånå síng nyêbút, pårå éyang síng wís kóndúr ånå ing têpêt suci, lokåbåkå utåwå alam kêlanggêngan.

Ing tlatah Surakartå, ugå ånå síng nyêbút éyang síng wís suwargi.

Amargå pêrcåyå mênåwå arwah éyangé wís munggah ånå ing suwargå.

Tradisi nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp pêrlu lan pêntíng.

Umumé ditindakaké ing sasi Ruwah (såkå têmbúng arab arwah), sêpulúh dinå sadurungé ngibadah påså, akèh kang pådhå nyêkar pårå lêluhuré.

Råmå Sudi Yatmånå ngétúng siji mbåkå siji wiwít såkå båpå biyung têkan sapandhuwuré.

Ånå ing ngèlmu Kêjawèn, wiwít anak lan båpå biyúng sapandhuwúr sinêbút sêjarah rolas síng gunggungé kabèh ana 4094 (patang èwu sangang pulúh papat).

Pilahané,

1. båpå biyúng (2),

2. mbah (4),

3. buyút (8),

4. canggah (16),

5. warèng (32),

6. udhêg-udhêg (64),

7. gantúng siwúr (128),

8. gropak sénthé (256),

9. têbu sinósóg (512),

10. pêtarangan bubrah (1024),

11. amún-amún (2048).

Tradisi Jåwå pancèn unik nduwèni ngèlmu síng mènèhi pêpélíng marang anak (putu) supåyå ngêrti marang lêluhuré.

Anak dikêkudang supåyå ngêrti båpå biyúng síng ngukir jiwå ragané.

Sabanjúré digulå wênthah supåyå ngêrti marang mulå bukané wiwít mbah, mbah buyút, canggah, warèng lan sapêndhuwuré.

Ånå sêsêbutan liyané, supåyå anak putu ngêrti sarasilahé.

Sawisé ngêrti, diwêlíng supåyå dipêpundhi, amargå kabèh mau pêpundhèné.

Ing sasi ruwah iki akèh pêpundhèn síng disowani lan dirêsiki.

Nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp wigati, amargå ånå bab kang sambúng karo tradisi spiritual.

Istilah tradisi, mulå bukané såkå têmbúng latin tradere utåwå traditio (båså mancané transmit, handing down) , têgêsé “maríngaké såkå ndhuwúr”.

Síng diparingaké babagan kang nduwèni nilai kang adi (luhúng, luhúr).

Tumuruné bab kang adi mau ånå síng wujúd piwulang (ajaran,dóktrin) réligi, nangíng ugå ånå kang wujúd piwulang métaphisika.

Ånå ing jagad Kêjawèn akèh bangêt tradisi síng ånå sambúng rakêté karo slamêtan. Clifford Geertz, síng nulís buku “Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa”, gamblang anggóné ngandaraké bab slamêtan ing masyarakat Jåwå.

Akèh bangêt tåtåcårå slamêtan síng dianani ing padésan tlatah Mójókuthó (Paré) Jawa Timur.

Tradisi síng gêgayutan karo slamêtan lan lêluhúr, ugå di jlèntrèhaké déníng Koentjaraningrat ing bukuné “Kêbudayaan Jawa”.

Masyarakat síng ngrasúk faham (théologi) Jåwå pådhå nindakaké upacårå nyadran ing sasi Ruwah supåyå pådhå ora lali marang asal-usulé.

Råmå Sudi Yatmånå kanthi pratitís nyêbút tilík kubúr, bêsík kubúr, rêsík kubúr, kirím dongå, slamêtan, mêmulé utåwå nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngêsúr tanah, nêlúng dinå, mitúng dinå, matang pulúh, nyatús, mêndhak pisan, mêndhak pindho, nyèwu, khól lan sapituruté.

Kêjåbå såkå iku, ugå nyêbút upåcårå sraddha minangka pèngêtan sédané Gayatri déníng Prabu Hayam Wurúk ing tahún 1362.

PJ Zoetmulder ånå ing buku Kalangwan ugå nyritakaké bab upåcårå sraddha kanggo mèngêti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ånå ing tahún 1350.

Upåcårå sraddha minångkå pèngêtan raja-raja síng wís pupút yuswå ugå sinêbút ing kidúng Banåwå Sêkar, nganggo ubå rampé wujúd baitå (prau) síng digawé såkå kêmbang (púspå, sêkar).

Ya amargå såkå upåcårå iku, síng diarani nyadran saka têmbúng sraddha, nyraddha, nyraddhan, têrús dadi nyadran. Tradisi nyadran ora biså pisah karo kêmbang utåwå sêkar. Mula ånå istilah nyêkar pårå lêluhúr nganggo ubå rampé kêmbang (mawar, kênångå, mlati, têlasih lan liya-liyané). Ånå ing bêbrayan, kêmbang dadi pratåndhå (lambang, simból) sêsambungan utåwå taliråså trêsnå, asíh, dúhkitå, sungkåwå lan liya-liyané.

Tradisi nyadran pranyåtå wís lumaku wiwít jaman Måjåpahít nganti saiki.

Pakúrmatan kanggo lêluhúr isíh lêstari têkan saiki lan dipêpêtri déníng masyarakat, khususé ing tlatah padésan. Nyêkar ing sasi Ruwah nduwèni suråså utåwå wulangan marang anak putu supåyå pådhå trêsnå lan élíng marang lêluhúr.

Tradisi nyadran (bêsík kubúr, tilík kubúr) ngélingaké tumrap såpå waé supåyå pådhå ngêrti marang pårå lêluhúr síng saiki wis ånå ing alam kubúr.

Babagan tilík kubúr utåwå ziarah pancèn dipratélakaké ånå ing agåmå Islam supåyå pådhå kèlingan bab pati.

Bab pati ånå sêsambungané karo bab uríp síng ora suwé. Paribasané kåyå wóng mampír ngombé.

Mulå ånå têmbang Dandhanggulå síng muni:

“Sanépané wóng uríp puniki, anèng ndonyå iku umpamanyå, múng kåyå wóng mampír ngombé, umpåmå manúk mabúr, lêpas sakíng kurunganèki, pundi méncókíng bénjang, åjå kóngsi klèru, umpåmå wóng njan sinanjan, ora wurúng mêsthi bali mulíh, mríng asal kamulanyå”.

Minångkå dudutan : nyadran iku ngluhúraké lêluhúr kang tundhóné supåyå élíng lan manêmbah marang Kang Maha Luhúr.

Déníng : Sutadi

Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

About these ads

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: